SERAT TRIPAMA
Karya Pangeran Mangkunegara VI.
DHANDHANGGULA :
Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anuladya, duk ing nguni caritane, andel ira Sang Prabu Sasrabahu ing Maespati, aran patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama”.
Lire lalabuhan triprakawis, guna bisa sanes kareng karya, binudi dadya unggule, kaya sayektinipun duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri damas katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana.
Wonten malih tuladan prayogi, satriya gung nagri ing Ngalengka, Sang Kumbakarna arane, tur iku warna diyu,suprandene nggayuh utami, duk wiwit prang Ngalengka, dennya darbe atur, Mring raka amrih raharja. Dasamuka tan kengguh ing aturyekti, nggugu karsa priyangga.
Kumbakarna kinon mansah jurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datana sujud, amung cipta labuh nagari, lan noleh yayah rena nyang leluhuripun, wus mukti haning Ngalengka mangke, arsa rinusak ing bala kapti punagi mati ngrana”.
Wonten malih kinarya palupi, Suryaputra narpati Ngawangga, lan Pandawa tur kadange len yayah tunggil ibu suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadeken sepopati, ngalaga ing Kurawa.
Den mungsuhken kadange pribadi, aprang tanding lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene nggenira pikantuk, marga denya arsa males sih-ira Sang Duryudana, marmanta kalangkung, denya ngetok kasudirane, aprang rame Karna mati jinemparing, sembaga wiratama.
Katri mangka sudarsaneng jawi, pantes agung kang para prawira, amirata sakadare, ing lelabuhanipun, hawya kongsi buang palupi, manawa tibeng nista, ina estinipun senadyan tekading budya, tan prabeda budi panduming dumadi, marsudi ing Kautaman.